Manungsa kang nyata
Kang wis digawe Gusti tanpa rubeda
Apa wae sing digawe ora ana sing bisa ngowahana
Apa maneh kayata manungsa ora duwe apa-apa
Manungsa duweni watak Srei kang dadi sengsara
Kang wis nemplek ing awak kita
Srei ati marang wong liya
Nalika dilakoni dadeake kuciwa
Iki Srei, manungsa sengit nalika wong liya luwehi dheweka
Nyoba jupuk kesenengan wong liya
Kanthi tembung lan tumindhak kang ala
Banjur uga jupuk kanggo kesenengan awak dheweya
Mula kudu syukura marang Gusti Maha Kuwasa
Gusti ora bakal mbedakake makhluk urip arupa manungsa
Kabeh bakal tinakdir saking Gusti padha kanyata
Kang utama, aja nganti kuwatir karo ngarsanipun Gusti Kang Maha Kuwasa
Kanggit dening Asri Nurisnaeni, Santri ugi mahasiswa Pendidikan Bahasa Jawa 2020 UNNES.