-
Watak Srei Dadi Ajrihing Dhiri
Manungsa kang nyata Kang wis digawe Gusti tanpa rubeda Apa wae sing digawe ora ana sing bisa ngowahana Apa maneh kayata manungsa ora duwe apa-apa Manungsa duweni watak Srei kang dadi sengsara Kang wis nemplek ing awak kita Srei ati marang wong liya Nalika dilakoni dadeake kuciwa Iki Srei, manungsa sengit nalika wong liya luwehi dheweka Nyoba jupuk kesenengan wong liya Kanthi tembung lan tumindhak kang ala Banjur uga jupuk kanggo kesenengan awak dheweya Mula kudu syukura marang Gusti Maha Kuwasa Gusti ora bakal mbedakake makhluk urip arupa manungsa Kabeh bakal tinakdir saking Gusti padha kanyata Kang utama, aja nganti kuwatir karo ngarsanipun Gusti Kang Maha Kuwasa Kanggit dening Asri…